Selasa, 12 Maret 2013

MAKALAH BAHASA JAWA " Sejarah Wayang"

ATUR PAMBUKA

Puji syukur kita panjataken marang ngarsanipun gusti Allah YME ingkang sampun nglimpahaken tresna lan kasihipun, sahingga kita saget  ngrampungaken tugas damel makalah niki yaiku salah sawijining syarat damel nglengkapi tugas bahasa jawa SMA Negeri 3 ponorogo. Mboten kesupen rasa matur suwun datheng:
1 .Bapak Nadif Saputra , guru bahasa jawa SMA Negeri 3 ponorogo ingkang sampun menehi  pengarahan kalian bimbingan datheng kita sedaya  anggen kita nyusun KTI niki.
2.      Rencang-rencang ingkang sampun berpartisipasi nyampekne KTI niki
 Kita nyuwun pangapunten anggene damel KTI niki kurang sempurna lan tasih kathah klentunipun ingkang mboten kita mangertosi.
            Kirane sedaya kesaean ingkang sampun maringi datheng kita  angsal balesan saking gusti Allah YME. Harapan kita mugi-mugi makalah niki wonten paedahe kagem sedaya ingkang maca.
Ponorogo,30 Mei 2012

                 Penulis  



      
BAB I
PURWAKA
1.1 Lelandhasaning Masalah
                        Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun sinau dening kawula muda. budaya adilihur punika ugi saged paring pambiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. satunggaling budaya luhur ingkang taksih sae inggih menika wayang. wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akčh ditemoni.

1.2 Undharaning Masalah
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang menika lan wayang menika langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khusussipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng wayang, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.

1.3 Tujuan Paneliten
Wonten 3 perkawis ingkang dopunaturaken wonten makalah menika:
1.menapa ingkang dipuntegesi wayang?
2.kados pundi sejarahipun wayang?
3.kados pundi sebutanipun wayang menika?

1.4 Paedah Paneliten
Paedah saka makalah iki yaiku:
  1. Kanggo Masyarakat                                                                           
    minangka papan sinau ngenani budaya wayang, lan bisa luwih mangerteni klira-klirune pangerten budaya wayang.
  2. Kanggo Panulis                                                                                              
    minangka papan informasi ngenani budaya Jawa sing bisa didadekake cekelan kanggo panaliti sabanjure sing ana gegayutane karo panaliten iki.







BAB II
ANDHARAN

2.1  Pangertosan  Wayang          
wayang menika pagelaran ingkang ngagemboneka umumipun. wayang dipunlakokakan dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi, kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha. Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika boten kathah. 
2.2  Sejarahipun Wayang       
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang
2.3  Sebutan wayang    
Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarane ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi maneh. wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane wayang golek kang digawe seka kayu ora ngandhelake wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. wayang iki digawe seka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana
           







BAB III
PANUTUP
3.1 Dudutan
wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. wayang iku pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang wujud 2 dhimensi, kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.
Jinising wayang inggih menika: wayang Golek, wayang Thengkul Bojonegoro, wayang Krucil, wayang Purwa, wayang Beber, wayang Uwong, wayang Gedog, wayang Sasak, wayang Calonarang, wayang WahyWayang Menak, wayang Klitik, wayang Suluh, wayang Papak wayang Madya, wayang Parwa, wayang Sadat, wayang Kancil.

3.2 Saran
1. wayang iku budaya jawa asli dadi kudu di lestarikake lan aja di lalekne.
2. kita dadi kaum muda kudu iso jaga kebudayaan jawa , kayata budaya wayang.
3. kita dadi penerus bangsa kudu nunjukake budaya wayang ing tingkat internasional.



































Daftar Pustaka

  1. http://aindra.blogspot.com/2007/10/wayang.html-74k-
  2. http://bonarine.blogspot.com/2008/01/nuhoni-unen-unen-seje-silit-seje-anggit.html
  3. http://kidemang.blogspot.com/2008/01/wayang-bahasa-jawa.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar