Kamis, 08 November 2012

geguritan

Layang kalbu
Dening Iin Nurdiana
Rasa Iki Ora Isa Di Ungkapake
Rasa Iki Angel Di Tahan
Ora Ana Ukara Sing Sanggup Ngungkapake
Kangen...
Rasa Sing Gawe
Mangan Ora Isa Warek
Adus Ora Isa Teles
Turu Ora Isa Merem
Lara..
Lara Aku Nahan Rasa Iki
Biyung..
Aku Ngirim Surat Saben Ndina
Tumetese Loh Saben Lembare
Nanging..
Ora Ana Kertas Sing Isa Di Gawe Layang
Ora Ana Polpen Sing Isa Di Gawe Nulis
Biyung..
Sepurane Aku Durung Isa Mbales
Mbales Pengorbananmu,Tenagamu Lan Rasa Sayangmu
Aku Mung Isa Gawe Layang Kalbu
Sing  Tak Kirim Ing Saben Sujudku
Duh Gusti..
Paringno Biyungku Ing Nggon Kang Indah

Tengah Lapangan, 06 Nopember 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar